Latest News

Adbox

Minggu, 29 Januari 2017

Mading berwawasan lingkungan

Salah satu kegiatan siswa yang digerakan untuk menuju sekolah adiwiyata adalah pembuatan mading yang dilakukan perkelas. Mading yang dibuat adalah mading dengan tema lingkungan dan alam.

Mereka membuat apa saja yang bertema tentang lingkungan, ada puisi ada karikatur, cerpen, geguritan bahkan menggambar poster.



Rabu, 04 Januari 2017

Geguritan : Omah Kaca

Omah Kaca (Green House) SMP N 8 Salatiga
Dening: Ayomi Palupi I

Bisa disawang saiki SMP N 8 ana Omah kaca ing sangarepe ruang kepala sekolah, omah kaca iki duweni guna kanggo mbudidaya tanduran. Supaya tanduran ing SMP N 8 iki bisa karumat lan lingkungan SMP N 8 tansah ijo royo-royo. Anane Omah kaca iki minangka salah sawijining syarat kanggo mujudake SMP N 8 dadi sekolah Adiwiyata. Sekolah adiwiyata iku sekolah sing nggatekake lingkungan kang sehat, resik lang lingkungan kang endah. Kanthi ana program Adiwiyata, Pemerintah duwe pangajab sakabehe warga sekolah bisa ngrumangsani manawa lingkungan sing ijo iku lingkungan kang sehat kanggo badane awake dhewe. Saengga bisa njaga karesikan lan kaendahan lingkungan. Mula salah sawijining usaha SMP N 8 Salatiga kanggo mujudake iki kanthi nggawe omah kaca,  minangka papan kanggo mbudidaya tanduran.
Ing Ilmu Biologi utawa pertanian dikenal anane Omah kaca (uga diarani omah ijo utawa omah tanduran). Omah kaca iku sawijining papan panggonan sing digunakake kanggo mbudidaya tanduran. Sawijining omah kaca digawe saka gelas utawa plastik sing nutupi ing sakabehing wangunan iki. Omah iki bisa dadi panas amarga ana radiasi elektromagnetig saka srengenge manasake tanduran, lemah lan barang liane sing ana ing wangunan iki.
Omah kaca iku kanggo njaga tanduran saka kaluwihan hawa adem lan panas uga kanggo njaga saka serangan Ama. Kanthi ngontrol cahya lan hawa bisa ngowahi lemah sing ora subur dadi bisa subur. Kanthi anane Omah kaca uga bisa ngefektifake lahan sempit migunakake cara hidroponik.  Sakliyane kanggo njaga tanduran supaya tansah subur, anane omah kaca iki uga bisa kanggo sarana sinau. Para siswa bisa sinau babagan budidaya tanduran, efek rumah kaca, lan sapanunggalane. Saengga para siswa bisa tansaya paham apa sing wis disinaoni kanthi anane sumber belajar saka omah kaca. Sing mesthi anane omah kaca ing SMP N 8 iki saya gawe ijo ing lingkungan sekolah iki.
Mula ayo padha di jaga anane omah kaca ing kene, uga tansah jaga karesikane lingkungan ing sakiwa tengene SMP N 8 Salatiga iki tansah resik lan sehat. Saka lingkungan kang sehat nuwuhake awak sing kuat saengga para siswa bisa semangat lan konsentrasi sinau ing sekolahan.






Profil

SMPN 8 Salatiga, merupakan sekolah yang terletak di wilayah kecamatan Tingkir Salatiga, tepatnya di Jl. Argotunggal Salatiga. SMPN 8 Salatiga berdiri sejak tahun awal tahun pelajaran 1991/1992, bila menilik sejarahnya cikal bakal berdirinya merupakan gubahan dari sekolah yang telah lama ada yaitu Sekolah Tehnik Pertama(STP).

Lokasi